Cute Rocking Baby Monkey

Rabu, 20 Desember 2017

Tanjung Emas



TANJUNG EMAS 

Image result for tanjung emas

Papanmu pinggir samodra
Gedhe labuhmu marang Negara
Baitha-baitha
Saben dina teko lungo
Padha lelayaran
Saka manca Negara
Teka ing nusantara
Para wiyasa mira
Nrajang ombaking samodra
Ora peduli angin gedhe
Ora peduli panasing srengenge
Tanjung Emas
Jenengmu cinatha sejarah
Nganggo mangsi retna
Prasasti saka karang jati
Dadi saksi Labuhmu marang nagari

Kartini



“Kartini”

 Image result for kartini

Kartini …
Sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda
Kartini …
Sanajan tinitah dadi priyayi
Duweni trah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelata
Kartini …
Wulan April iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis Gelap Terbitlah Terang
Dadi bukti masa perjuwangan
Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita
Kartini …
Amarga jasamu
Wanita eropa lan wanita pribumi
Dadi duweni hak kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan

Begal

Begal

 Image result for begal
Begal…
Wong liya nyebut brandhal!
Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal
Kanggo nodhong njero terminal
Begal…
Pinter golek akal
Sapa wae bakal didadekake tumbal
Begal utege wis mirip kadhal
Yen kecekel dulangen sandhal!
Begal saiki…
Luwih tega nglarani!
Nggawa pitul nembak wong nganti mati!
Nggawe gregetan para pulisi!
Begal dibrantas ana ngendi-endi
Ketemon ngrampas ditembak mati
Begal saiki wis kebangeten
Wus kerep nggawa korban
Donya brana asil rampogan
Haram hukume yen dipangan
Bakal nampa siksaning nraka jahanam

Jaman Palsu

Jaman Palsu

Bapa... 
Kandakna
marang sopo maneh, aku kudu sambat
Nyuntak panggresah lan ndheder
pangarep

Aku mung ngerti saka koran bekas
Njinggleng pakabarab saka tipi
Dhek wingi ana atusan ewu palsu
Eketan ewu palsu..
Puluhan ewu palsu
Oli palsu... solar palsu... bensin ya palsu..
Apa pabrike ya palsu ?
Untu palsu.. sikil palsu.. tangan palsu
Mata palsu jantung palsu
Iki ora ateges ora narimo ing panduming gusti..
Manungso diwajib setyar mbudidaya

Oalah.. kaningaya temen..
sarjana... magister... doktor... dokter.. palsu
Dadi lurah. Ketua partai DPR, bupati, walikota
Pengacara, nganti.. tekan dhosen, jarene
Ijasahe ya palsu 
Esem... guyu... seragam jubah.. lan
Gumantonging palu hakim 
Jebul... ya ulas-ulas lambe 
Aja-aja negara, menteri, DPR, bupati
Walikota, camat, lurah
Nganti tekan rakyate ya palsu.

Apa aku kudu kinter ing jaman sing sarwa palsu
Utawa kudu nyirami pangangenku
Nganggo getihku dewe
Aja-aja getihku ya palsu.. ah palsu.

jaman komputer



JAMAN KOMPUTER


jamane wis sarwa komputer

akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel

jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina

jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet

jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit

jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane

Tanjung Emas

TANJUNG EMAS  Papanmu pinggir samodra Gedhe labuhmu marang Negara Baitha-baitha Saben dina teko lungo Padha lelayaran ...