Guru iku
panutaning tingkah laku
Guru patut
digugu lan ditiru
Guru ora
butuh disubya-subya
Guru amung
saderma melu mbangun negara
Lan...
Guru tansah
ndedonga
Mugi tan ana
kawula
Kang wuta
sastra
Mula guru
pancen wis trep
Oleh
pisung-sung pahlawan tanpa tandha jasa
BOCAH-BOCAH
Dakdeloki
saben isuk
Bareng karo
ilange bulan ing langit
Bebarengan
bocah-bocah kang gemruduk
Mangkat
sekolah
Mertandhani
Indonesia gemah-ripah
Kebak
panganan
dakjumputi
Impen-impen
Ing dhadhane
bocah-bocah
Supaya
tansah sumringah bungah
Ora nganti
kawirangan
Daksawang
Bocah-bocah
ora ngerti
Marang
ruwete kahanan
Ing padinan
Supaya
gegadhan ora punggel
Atine mrepel
tugel
Trubus-trubus
iku
Supaya
ngrembaka
Keturutan
kang dadi panjangka mulya

Tidak ada komentar:
Posting Komentar