LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu
ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara
ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing
panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing
putra lan putri
Kang wis ninggalake
subasita
Nerak angger-anggering
budaya
Lali ing tatakrama mbuwang
sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan
budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah
sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma,
laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani
budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana
ajine?
Apa budaya kita wis
kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis
dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake
subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis
ditinggalake
Wis arep luntur amerga
pokale kita dhewe.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar